TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA. KOMENTAR ANDA MERUPAKAN KEHORMATAN BAGI KAMI.
Komentar, masukan, ide, dan gagasan Anda sangat kami butuhkan di sini. Demi majunya kegiatan belajar mengajar SD kami. Utamanya untuk meningkatkan prestasi belajar para peserta didik kami. Salam untuk orang-orang yang dekat di hati Anda. Mari bersama kita tingkatkan mutu pendidikan di Indonesia!

Rabu, 03 Juni 2015

KANG WIGATI KANGGO PANATACARA

Kadang sutresna budhaya calon panatacara kang winantu ing suka basuki. Gancar lan rendhete adicara gumantung saka kahanan lan para paraga kang nduweni jejibahan ing pasamuan kasebut. Umpamane kepriye longgar lan ciute papan panggonan kanggo pawiwahan kasebut. Ing njero gedhung apa ana ing tarup. Kahanan udan apa panas, sound systeme gandem apa kemeng, pramuladine (sinoman juru laden) padha guyub apa ora. Kabeh mau, lan isih akeh maneh paraga lan prabotan kang dadi sabab kasil orane sawijining pasamuan, sabisa bisa disembadani dening kang nduwe hajad lumantar pawongan kang dipun pasrahi bab-bab kuwi ing sakdurunge pawiwahan dileksanaake.
Panatacara
Ananging senadyan wis diupaya kanthi tumemen biasane isih ana bae perkara kang ora kaconggah, umpamane; dumadakan loudspeaker mati, utawa udan deres dadakan utawa juru foto durung teka lan sakpanunggalane. Ing kalane uga ana barang sing dianggep sepele, nanging jebule dadi gawe tundhone adicara durung bisa diwiwiti.
Andaran ing dhuwur iku nuduhake yen sawijining pasamuan-pasamuan kang penting, luwih-luwih pawiwahan agung utawa sing sipate formal/resmi, pancen mbutuhake kawigaten kang gedhe kanggo para kang kawogan (berkepentingan), utamane tumrap panatacara. Panatacara minangka pok punjere kang nduweni wajib kudu bisa mrantasi gawe. Panatacara kudu prigel mratitisake kahanan lan samubarang kang kurang utawa punjul amrih bisa lumaksana kanthi rancag nganti tumeka purna rampunging pasamuan.
Dadi panatacara mesthine kandel rasa syukure yen ta jejibahan kang diemban bisa lumaku kanthi sukses ora ana pepalang apa-apa luwih-luwih bisa dadi mareme kang mirsani apadene kang maringi kapercayan. Mula kagem para kadang calon panatacara saora-orane duwe kawigaten mirunggan marang bab-bab kang kacetha ing ngisor iki :
1. Paraga
a. Raga/fisik
Awak kudu dijaga kesehatane nalika arep duwe jejibahan, nganti purnaning pawiwahan. Aja nganti keserang flu,watuk ,masuk angin lsp. Mula becik yen kulina dhahar lan ngunjuk sing bergizi, ulah raga, sare sing cukup amrih awak tetep seger lan trengginas.

b.Jiwa/psikis
Pikiran madhep mantep kebak ing kapercayan pribadi. Aja rongeh gampang kena godhaning was-was lan rangu-rangu. Aja gugup lan grusa-grusu. Becik sing sareh nanging ora ateges lelet, mula panatacara kudu “menguasai medan“ tegese mangerteni kahanan ing pasamuan. Panatacara kudu duwe rasa kang sarwa bisa nanging aja dumeh bisa. Ana unen-unen bisa rumangsa, aja rumangsa bisa.

c. Busana 
Ana bebasan “ajining raga jalaran saka busana”. Bebasan iki ringkes nanging ngemu surasa kang dawa. Kadang panatacara kudu bisa amemantes agemane, bisa njumbuhake karo awake. Warna lan corak utawa lurike ageman pas cocok apa ora karo pakulitane. Prayogane ageman kuwi sing lumrah bae nanging ngresepake yen dideleng. Lan sing baku ngagem ageman tetep sing sopan nyocogake karo kahanan pawiwahan .Umpamane; dinas/protokoler, resepsi, tanggap warsa (ulang tahun), Hari besar Nasional, Religius, ing kesripahan, rapat , apa ing pawiwahan walimatul urusy. Ngagem asesoris kena bae nanging aja nganti kliwat lumrah, sing penting bisa nambahi anggun utawa wibawa.

d. Sikep
Nalika kadang panatacara maraga, diupaya jumeneng sing jejeg nanging luwes, aja mbungkuk. Pandengan mripat warata ing arah bathuk, aja ndhingkluk, pasur yan sumeh, ramah lan kebak esem. Yen ngagem make up ,tata rias sing prasaja bae aja nganti menor. Lan dibedakake antarane make up kanggo rina lan wayah dalu.

2. Basa
Basa mono piranti komunikasi sing penting banget kagem panatacara. Amarga kababaring karep lan isine pangangen-angen kuwi nganggo basa. Mula basane panatacara kudu bisa ditampa dening pamiyarsa utawa wong kang diajak wicara.

Pancen kudune basane panatacara kuwi endah lan kepenak ditampa, tur ngresepake, nanging ora kudu akeh nganggo basa kawi utawa sanskerta sing akeh-akehe para pamiyarsa malah ora mudheng karep lan tegese.
Panatacara kudu mangerteni sapa kang lagi diadhepi, kepriye tingkat SDM-e . Yen ngadhepi masyarakat awam aja digarap kaya ngadhepi kaum intelek. Masyarakat pesisiran beda karo masyarakat kang cedhak kerato n. Perkotaan ora padha karo wong-wong ing padesan.

Kang wigati maneh panatacara ora perlu ngulas apa maneh mbaleni ngendikane para pamicara kang pidato kaya-kaya gawe kesimpulan. Amarga ulasan kuwi mau kadhang-kadhang ora cocok karo sing dikarepake pamicara. Luwih ora prayoga maneh yen semune ngguroni kaya-kaya panatacara luwih pinter.
Asung pakurmatan utawa ngalembana marang sapa bae kena , sauger ora kaliwat-liwat. Adhakane sapa bae seneng yen dialem, nanging yen anggone ngalembana kedhuwuren , mesthi rumangsa risih malah kepara isin utawa wirang. Contone wong kang pawakane cilik tur cendhek dialem gagah pideksa kaya Raden Gathutkaca, rak ya lingsem banget. Wong sing pidhatone grothal-grathul dialem” Tatas titis tur teteh paring pangandikanipun Bapa……..”. Kuwi ora ngalembana nanging semune malah ngenyek utawa ngina.
Ing bab basa iki para kadang calon panatacara kepara akeh anggone memaca buku utawa majalah sing nganggo basa Jawa, supaya akeh “perbendaharaan” utawa sugih kosa kata, ing tundhone nambahi jembare pamawas lan renggeping wicara. (Sekar Kampung)